26. Nalika para sakabat sumurup Panjenengane tindak ing sadhuwuring banyu iku, padha kaget lan alok: “Ana memedi!” banjur padha jerit-jerit, marga saka wedine.
27. Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”
28. Petrus banjur munjuk kalawan mbengok: “Gusti, manawi saestu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya.”
29. Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.
30. Nanging bareng kena angin gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!”