Markus 5:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Wong mau manggon ana ing kono lan wis ora ana wong siji-sijia maneh kang saguh mbanda dheweke, sanadyan nganggo rante,

4. amarga wis kerep dibanda lan dirante, nanging rantene dipedhot lan blengguning sikil dirucat, temahan ora ana wong siji-sijia kang bisa gawe tutute.

5. Rina wengi wong mau klambarangan ana ing pakuburan lan ing gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awake dhewe, nganggo watu.

6. Bareng wong mau ndeleng Gusti Yesus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ing ngarsane sarta nyembah,

7. lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”

8. Jalaran sadurunge iku Gusti Yesus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”

9. Wasana panjenengane banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Nama kawula Legion, jalaran cacah kawula kathah sanget.”

10. Wong mau nyuwun kanthi adreng supaya dhemit-dhemite aja ditundhung saka wewengkon kono.

11. Nalika iku ing ereng-erenging gunung kono ana babi akeh banget kang pinuju golek pangan.

12. Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengane, ature: “Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhe kawula lebeti.”

Markus 5