9. Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjur ngatingal marang Maryam Magdalena, yaiku kang biyen kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.
10. Wong wadon mau nuli lunga aweh pawarta bab iku mau marang kabeh wong, kang biyen tansah ndherek Gusti Yesus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis.
11. nanging bareng padha krungu, yen Gusti Yesus gesang lan wis dideleng Maryam, padha ora ngandel.
12. Sawise iku, Panjenengane ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalane, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha.
13. Wong loro mau banjur bali padha aweh pawarta bab iku marang kanca-kanca liyane, nanging iya padha ora ngandel.