Markus 11:27-33 Kitab Sutji (JAV)

27. Kacarita lakune wis padha tekan ing Yerusalem. Nalika Gusti Yesus lagi lumampah ana ing plataraning Padaleman Suci, tumuli ana pangareping imam, ahli-ahli Toret lan pinituwa-pinituwa kang padha sowan ing ngarsane

28. lan matur pitakon: “Panjenengan nindakaken makaten-makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Tuwin sinten ingkang maringi panguwaos kangge nindakaken punika sadaya?”

29. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku Daktakon saprakara dhisik marang kowe kabeh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakake marang kowe, Aku nindakake kabeh-kabeh iku kanthi panguwasa sing endi.

30. Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa, mara wangsulana.”

31. Wong-wong mau banjur padha rembugan mangkene: “Upama aku padha kandha: Saka ing swarga, mesthi diwangsuli: Yen mangkono, yagene kowe padha ora pracaya?

32. Nanging masa iya aku bakal padha kandha: Saka manungsa!” Sabab padha wedi marang wong akeh, awit kabeh padha nganggep, yen Nabi Yokanan iku nabi temenan.

33. Banjur padha matur marang Gusti Yesus: “Kula sami boten sumerep.” Pangandikane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Yen mangkono, Aku iya ora kandha marang kowe, Aku nindakake samubarang kabeh iku kanthi panguwasa sing endi.”

Markus 11