Markus 10:48-52 Kitab Sutji (JAV)

48. Banjur disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Nanging malah saya seru anggone nguwuh-uwuh: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

49. Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”

50. Wong ngemis mau banjur cucul jubahe, tumuli ngadeg lan enggal-enggal sowan menyang ing ngarsane Gusti Yesus.

51. Gusti Yesus ndangu: “Karepmu Dakkapakake?” Wong picak mau matur: “Rabbuni, mugi kawula sageda ningali!”

52. Gusti Yesus banjur ngandika: “Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe!” Padha sanalika wong picak mau bisa ndeleng, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus.

Markus 10