16. Para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah padha rasanan mangkene: “Pangeran Yehuwah ngudaneni lan miyarsakake, apadene kitab pengetan katulis ana ing ngarsane kanggo wong kang padha ngabekti marang Sang Yehuwah lan kang ngajeni asmane.”
17. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wong kang kaya mangkono iku bakal padha dadi kagunganingSun piyambak kang Suntresnani ing dina kang wus Suncawisake, sarta bakal padha Suneman kaya wong kang ngeman marang anake kang mbangun-miturut.
18. Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.