53. Kabeh padha nggeguyu Panjenengane, amarga padha weruh, yen bocahe wis mati.
54. Gusti Yesus banjur ngasta tangane kang mati sarta nguwuh, pangandikane: “He, ngger, tangia!”
55. Nyawane bocah mau tumuli bali lan sanalika iku uga bocahe tangi. Gusti Yesus banjur dhawuh menehi mangan.
56. Wong tuwane bocah mau padha kaeraman, nanging padha diwaleri, ora diparengake martak-martakake lelakon mau marang wong.