Lukas 5:9-15 Kitab Sutji (JAV)

9. Amarga Simon sakancane kabeh padha sumlengeren, dene samono akehe iwake sing kena.

10. Samono uga Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, kang padha dadi rewange Simon. Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.”

11. Sawise minggirake praune, banjur padha ninggal samubarang kabeh sarta ndherekake Gusti Yesus.

12. Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”

13. Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga lelarane budhug sirna.

14. Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”

15. Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.

Lukas 5