27. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tindak. Nuli mirsa juru-mupu-beya linggih ana ing pabeyan, jenenge Lewi. Iku dipangandikane mangkene: “Melua aku!”
28. Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti Yesus.
29. Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.
30. Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”
31. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.
32. TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”
33. Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”