Lukas 2:31-49 Kitab Sutji (JAV)

31. ingkang sampun Paduka cawisaken women ing sangajenging bangsa sadaya,

32. inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”

33. Rama-ibune kaeraman banget marang kabeh kang diucapake tumrap Panjenengane mau.

34. Simeon banjur mberkahi lan calathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tangine wong ing Israel pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulake padudon

35. -- lan atimu dhewe bakal katuwek ing pedhang -- supaya kalairna pikiraning atine wong akeh.”

36. Lan maneh ing kono iya ana nabi wadon, jenenge Hana, anake Fanuel, saka taler Asyer, wis tuwa banget. Sawise omah-omah banjur urip bebarengan karo bojone pitung tahun,

37. lan saiki wis randha, kang umure wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggone ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.

38. Nalika iku dheweke iya mrono lan ngunjukake panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakake bab Sang Timur mau marang sakabehing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarane Yerusalem.

39. Sawise ngrampungake kabeh kang kudu dilakoni miturut angger-anggere Pangeran, banjur padha mulih menyang ing kutha panggonane, yaiku ing Nasaret ing tanah Galilea.

40. Sang Putra mau mindhak-mindhak agenge, lan dadi santosa, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah.

41. Ing saben taun samangsa riyaya Paskah, rama-ibune Gusti Yesus menyang ing Yerusalem.

42. Bareng Gusti Yesus wis yuswa rolas taun, padha menyang Yerusalem kaya adate yen pinuju dina gedhe iku.

43. Salebare pahargyan, nalika padha mulih, Gusti Yesus kantun ana ing Yerusalem, rama-ibune ora sumurup.

44. Sarehne dikira yen Panjenengane awor karo wong-wong sing padha mulih tunggal dalan, mulane padha mbacutake lakune nganti sadina, banjur padha nggoleki Panjenengane ana ing antarane para sanak kadang lan para pitepungane.

45. Bareng ora ketemu, banjur padha bali menyang Yerusalem karo nggoleki terus.

46. Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.

47. Kabeh wong kang ngrungokake pangandikane padha kaeraman marang kapinterane lan wangsulane.

48. Bareng rama-ibune weruh padha njenger. Kang ibu banjur calathu marang Panjenengane: “Angger, yagene Kowe kok mangkono marang aku. Bapakmu lan aku padha nggoleki Kowe kalawan susah.”

49. Ature marang rama-ibune: “Punapaa dene panjenengan madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kula kawajiban wonten ing dalemipun Rama Kula?”

Lukas 2