Lukas 14:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.

14. Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”

15. Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”

16. Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Ana wong nganakake pista gedhen lan ngulemi wong akeh.

17. Bareng wis ndungkap wayahe bujana, bature dikongkon pratela marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipun sampun cumawis.

18. Nanging kabeh padha bebarengan nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkene: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhe ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.

19. Wong liyane matur mangkene: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhe kesah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten.

20. Wong liyane maneh matur: Kula saweg kemawon emah-emah, mila boten saged sowan.

21. Batur mau banjur mulih ngaturake iku kabeh marang lurahe. Kang duwe omah nepsu banget sarta calathu marang bature: Enggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurung kutha, wong mlarat, wong cacad, wong picak lan wong lumpuh padha iriden mrene.

Lukas 14