Lukas 12:27-40 Kitab Sutji (JAV)

27. Padha tamatna kembang bakung kae, ora ngantih ora nenun, ewadene pituturKu marang kowe: Sang Prabu Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora ngungkuli endahe salah sijine kembang iku.

28. Dadi, yen suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni dening Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!

29. Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.

30. Awit iku kabeh kang diupaya dening wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yen iku kabeh dadi kabutuhanmu.

31. Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabeh iku mau bakal diwuwuhake marang kowe.

32. Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.

33. Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.

34. Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”

35. “Lambungmu ajeg sabukana lan damarmu ajeg muruba.

36. Sarta kowe padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhe bendarane saka pahargyan memanton, supaya manawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, enggal bisa ngengani lawang.

37. Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.

38. Lan manawa rawuhe ing tengah wengi utawa ing wayah bangun esuk mangka para abdi mau ketemu mangkono, begja wong-wong iku.

39. Nanging sumurupa: Saupama kang duwe omah ngreti tekane maling jam pira, mesthi ora bakal ngetogake bae omahe dibabah.

40. Mulane kowe kabeh padha tansah rumantia, awit rawuhe Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.”

Lukas 12