52. Bilai kowe, heh, para ahli Toret, amarga kowe wus padha njupuk kuncining kawruh; kowe dhewe ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi.”
53. Bareng Gusti Yesus wis jengkar saka ing papan kono, para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengane lan ngebyuki Panjenengane kalawan prakara warna-warna,
54. apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane.