20. Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.
21. Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.
22. Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,
23. amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.”
24. Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”