Lelakone Para Rasul 23:34-35 Kitab Sutji (JAV)

34. Bareng wis maos layang mau, walinagara nuli ndangu marang Rasul Paulus, asale saka ing propinsi ngendi. Bareng mireng, yen Rasul Paulus saka ing tanah Kilikia,

35. banjur ngandika: “Aku bakal mriksa prakaramu, yen wong sing padha ndakwa marang kowe wis teka ing kene.” Banjur dhawuh, supaya Rasul Paulus ditahan ana ing kratone Sang Prabu Herodhes.

Lelakone Para Rasul 23