16. Nanging kaponakane Rasul Paulus, putrane kang rayine putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang beteng. Bareng wis diparengake mlebu, nuli matur bab mau marang Rasul Paulus.
17. Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.”
18. Opsir iku banjur nyowanake bocah mau menyang ing ngarsane panggedhening prajurit lan matur: “Kula dipun undang Paulus, tahanan punika, dipun tedhani tulung supados nyowanaken lare anem punika dhateng ing ngarsa panjenengan, awit wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhateng panjenengan.”
19. Panggedhening prajurit mau banjur nganthi bocahe diajak mangiwa, nuli didangu: “Apa kang arep koklapurake marang aku?”
20. Wangsulane: “Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhe nyuwun dhateng panjenengan, supados benjing-enjing panjenengan ngladosaken Bapak Paulus malih dhateng ing ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kapengin angsal katrangan ingkang langkung taliti saking piyambakipun.
21. Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang smapun mirantos badhe nyegat piyambakipun. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalawan nyupaosi badanipun piyambak boten badhe nedha saha ngombe saderengipun mejahi piyambakipun. Sapunika sampun sami mirantos, kantun ngentosi putusan panjenengan.”
22. Panggedhe prajurit banjur dhawuh marang bocah anom mau supaya mulih kalawan dipangandikani mangkene: “Kowe aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yen kowe wis nglapurake bab iki marang aku.”
23. Sawuse mangkono panggedhe prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkene: “Cawisna prajurit rong atus kang bakal menyang ing Kaisarea karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang asikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.
24. Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, iku sowanna marang ngarsane Sang Walinagara Feliks.”
25. Nuli damel serat, kang surasane mangkene:
26. “Sembah kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Ingkang Minulya Sang Walinagara Feliks.