Lelakone Para Rasul 23:12-16 Kitab Sutji (JAV)

12. Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.

13. Gunggunge wong kang padha komplotan iku patang puluh luwih.

14. Iku padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwane bangsa Yahudi lan pratela: “Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, boten badhe nedha utawi ngombe saderengipun mejahi Paulus.

15. Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.”

16. Nanging kaponakane Rasul Paulus, putrane kang rayine putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang beteng. Bareng wis diparengake mlebu, nuli matur bab mau marang Rasul Paulus.

Lelakone Para Rasul 23