10. Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempak dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng.
11. Bengine Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhinge lan ngandika marang panjenengane: “Sing teteg atinira, sabab kaya dene anggonira kalawan kendel nekseni Ingsun ana ing Yerusalem, mangkono uga sira iya prelu nekseni ana ing kutha Rum.”
12. Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.
13. Gunggunge wong kang padha komplotan iku patang puluh luwih.
14. Iku padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwane bangsa Yahudi lan pratela: “Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, boten badhe nedha utawi ngombe saderengipun mejahi Paulus.