Lelakone Para Rasul 20:20-25 Kitab Sutji (JAV)

20. Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakake apa kang migunani tumrap kowe kabeh. Kabeh wus dakcaritakake lan dakwulangake marang kowe, ana ing ngarepe wong akeh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu;

21. aku tansah ngyakinake marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobata marang Gusti Allah sarta padha pracayaa marang Gusti kita Yesus Kristus.

22. Nanging ing saikine aku lelaku menyang Yerusalem kayadene tawanane Sang Roh, aku ora ngreti apa kang bakal kalakon tumraping aku ana ing kana

23. saliyane kang diwedharake dening Sang Roh Suci marang aku ana sawiji-wijining kutha, yen aku bakal kakunjara lan sinangsara.

24. Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.

25. Apadene saiki aku sumurup, yen kowe bakal padha ora weruh aku maneh, kowe kabeh kang wus padha dakparani dakwartani bab Kratoning Allah.

Lelakone Para Rasul 20