1. Ing nalika iku pasamuwan ing Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Simeon kang karan Niger, lan Lukius wong Kirene, sarta Menahen, palihane Sang Nata-wilayah Herodhes lan Saulus.
2. Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakake pangibadah marang Gusti sarta puwasa, Roh Suci ngandika: “Ingsun pijekna Barnabas lan Saulus, supaya padha nglakonana ayahan, kang wus Suntemtokake tumrap karone.”
3. Mulane banjur padha puwasa lan ndedonga, sarta sawise ditumpangi tangan, karone padha dililani mangkat.
4. Sakarone, kang padha kautus dening Sang Roh Suci iku, nuli tindak menyang ing palabuhan Seleukia; saka ing kono padha layar menyang ing pulo Siprus.
5. Bareng wis rawuh ing kutha Salamis, banjur padha martosake pangandikaning Allah ana ing papan-papan pangibadahe wong Yahudi, sarta Yokakan ndherekake minangka pambantu.
6. Nuli padha ndlajahi pulo mau kabeh, nganti tekan ing kutha Pafos; ana ing kono nrenjuhi sawijining wong Yahudi, jenenge Baryesus. Iku dadi tukang sikir lan nabi palsu,
7. apamaneh dadi mitrane kang jumeneng gupernur ing pulo kono, priyagung kang lantip, asmane Sergius Paulus. Gupernur iku nimbali Rasul Barnabas lan Saulus sabab kapengin mirengake pangandikaning Allah.
8. Nanging Elimas -- mangkono jenenge tukang sikir mau ing basa Yunani -- ngalang-alangi sarta mbudi-daya supaya Sang Gupernur aja pracaya.