3. Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, Kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, lan ora pegat tansah ndongakake kowe,
4. awit aku wus padha krungu bab pracayamu ana ing Gusti Kristus Yesus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci,
5. kagawa saka pangarep-arep marang apa kang wus digadhangake marang kowe ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurunge wus kokrungu saka ing Pangandikaning kayekten yaiku Injil,
6. kang wus padha koktampani. Injil mau metokake woh lan mekar nyrambahi ing sajagad, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu krungu lan mangreti temenan marang sih-rahmate Gusti Allah.