1. Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan.
2. Luwih becik lumebu ing omah kang kasusahan tinimbang lumebu ing gedhong kang kanggo pista, awit ana ing omah kang kasusahan iku wekasaning saben manungsa: wong urip prayoga ngelingi bab iki.
3. Sedhih iku luwih becik katimbang karo ngguyu, awit ulat kang peteng iku gawe beciking ati.
4. Wong wicaksana iku seneng ana ing omah kang lagi prihatin, nanging wong bodho seneng ana ing gedhong kasenengan.