1. Rotimu buwangen ing banyu, let sawetara suwe bakal ketemu.
2. Menehana panduman marang wong pitu, malah marang wong wolu, amarga kowe ora sumurup, kasangsaran apa kang bakal kelakon ana ing bumi.
3. Manawa mendhung ngembeng banyu udah, udah iku banjur diesokake ing bumi; lan manawa ambruking wit iku mangidul utawa mangalor, wit iku nuli tetep gumlimpang ana ing panggonane ambruke.
4. Sing sapa tansah nggatekake angin ora bakal nyebar lan sing sapa tansah mandeng marang mendhung ora bakal ngundhuh-undhuh.
5. Kayadene anggonmu ora sumurup marang lakuning angin lan balung-balung ing guwa-garbaning wong wadon kang ngandheg, samono uga kowe ora sumurup marang pakaryaning Allah kang nindakake samubarang kabeh.