Kidung Pangadhuh 5:2-6 Kitab Sutji (JAV)

2. Tanah pusaka kawula sampun dhumawah dhateng bangsa sanes,griya-griya kawula dhateng tiyang ngamanca.

3. Kawula sami dados lare lola, boten gadhah bapa,biyung kawula sami kados randha.

4. Anggen kawula ngombe toya srana tumbas,sarta anggen kawula ngangge kajeng mawi mbayar.

5. Kawula sami dipun bujeng-bujeng wonten ing celakan,sami sayah nanging boten angsal ngaso.

6. Kawula sampun sami ngathungaken tangan dhateng tiyang Mesir,saha dhateng tiyang Asyur, supados sageda nedha tuwuk.

Kidung Pangadhuh 5