Kidung Pangadhuh 3:22-28 Kitab Sutji (JAV)

22. Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot,lan sih-kawelasane ora ana enteke.

23. Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk.Saestu ageng kasetyan Paduka punika!

24. Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku,mulane dakarep-arep.”

25. Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti,tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane.

26. Becik manawa wong nganti-antimarang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.

27. Becik manawa wong lanang mikulpasangan nalika nome.

28. Iku lungguha dhewekan lan menenga,manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.

Kidung Pangadhuh 3