Kaimaman 4:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. padha kaya anggone njupuk saka sapi kurban slametan, banjur diobonga dening imam ana ing misbyah kurban obaran.

11. Anadene lulange lan sakehe daginge sapi lanang mau, endhase lan pupune, jeroane lan tlethonge,

12. dadi sapi lanang mau kabeh digawaa metu menyang sajabane palereban, ing panggonan kang ora ana najise, iya ing papan pambuwangan awu, banjur diobonga nganti entek ana ing geni kayu ing papan pambuwangan awu.

13. Manawa kang gawe dosa ora kanthi kajarag iku sagolongane umat Israel kabeh, mangka pasamuwan ora rumangsa padha nglakoni salah sawijining bab kang dadi wewalere Pangeran Yehuwah, satemah padha dadi kaluputan,

14. samangsa dosa kang dilakoni iku kaweruhan, nuli pasamuwan nyaosna sapi lanang nom siji minangka kurban pangruwating dosa. Sapi mau diladekna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan.

15. Para pinituwane pasamuwan nuli padha numpangna tangane ana ing endhase sapi mau ana ngarsane Sang Yehuwah, sarta sapine disembeleha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

16. Imam kang kajebadan tumuli nggawaa getihe sapi mau sawatara menyang ing Tarub Pasewakan,

17. sarta nyelubna drijine ing getih iku lan dipyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ing sangarepe geber.

Kaimaman 4