12. Sadulure wadon bapakira aja sira ungkabi kawirangane, amarga iku kulit daginge bapakira.
13. Sadulure wadon biyungira, aja sira ungkabi kawirangane, awitdene iku kulit daginge biyungira.
14. Kawirangane bojone sadulure lanang bapakira aja sira ungkabi, bojone aja sira kumpuli, awit iku bojone sadulure bapakira.
15. Kawirangane mantunira wadon aja sira ungkabi, iku somahe anakira lanang, mulane aja sira ungkabi kawirangane.
16. Somahe sadulurira lanang aja sira ungkabi, iku wewenange sadulurira mau.
17. Sira aja ngungkabi kawirangane wong wadon dalah anake wadon, iya aja sira wayuh anake wadon saka anake lanang utawa saka anake wadon, lan diungkabi kawirangane, iku padha kalebu kulit dagingira, iku pratingkah kang nistha.
18. Sira aja mayuh padha sadulur kadadekake maru, padha diungkabi kawirangane nalika kang tuwa isih urip.
19. Sira aja ngumpuli wong wadon kang lagi nggarap-sari, iku najis manawa diungkabi kawirangane.
20. Sira aja awor turu karo somahe pepadhanira, temah dadi najis sakarone.
21. Anakira aja ana kang sira ulungake kagawe sajen marang Molokh, supaya sira aja nganti nyawiyah asmane Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.
22. Sira aja padha awor turu karo padha wong lanang apatrap kaya karo wong wadon, iku pratingkah rusuh.
23. Sarta maneh sira aja laku jina karo kewan, teman ndadekake sira lan kewan iku padha najis. Karomaneh wong wadon iya aja nganti mapan ana ing ngarepe kewan supaya dijamaha, iku pratingkah rusuh.