Kaimaman 13:30-44 Kitab Sutji (JAV)

30. imam kudu mriksa memala iku, manawa katone luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune lemes semu kuning, wong iku ditetepna najis dening imam. Iku borok, iya memala saraat ing sirah utawa ing jenggot.

31. Balik manawa miturut papriksane imam, borok mau katone ora luwih jero tinimbang kulit liyane, lan ora ana rambute kang ireng, kang nandhang memala borok iku banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.

32. Ing pitung dinane imam mriksaa maneh memala mau, manawa boroke ora mremen lan ora ana rambute kang semu kuning, mangkono maneh boroke ora luwih jero tinimbang kulit liyane,

33. wonge nuli cukura; dene kang ana boroke aja dicukur, lan wong kang boroken iku dikurunga dening imam pitung dina engkas.

34. Wasana ing pitung dinane imam mriksa boroke mau maneh, manawa tetela ora mremen ing kulit liyane, lan katone ora luwih jero tinimbang karo kulite, wonge banjur ditetepna ora najis dening imam, mung ngumbaha sandhangane, nuli wus dadi resik.

35. Nanging manawa borok mau pancen saya mremen ing kulite, sawuse katetepake resik,

36. mangka papriksane imam, boroke mremen ing kulite, dadi imam ora usah nggoleki rambut kang kuning, wong mau pancen najis.

37. Balik manawa miturut papriksane imam borok iku isih ajeg, lan wus kathukulan rambut ireng, dadi boroke wus waras, wonge ora najis, lan imam netepna yen ora najis.

38. Manawa ana wong lanang utawa wadon kang kulite ana belang-belange, yaiku belang-belang putih,

39. imam kudu mriksa, yen belang-belang ing kulit mau katon alum, dadi mung bangsane panu bae kang thukul ana ing kulit mau, wong mau ora najis.

40. Manawa ana wong lanang kang bodhol rambute, iku mung dadi buthak, ora najis,

41. manawa kang bodhol mung rambut ing ngarep bae, lan dadi buthak ing sisih ngarep, iku ora najis.

42. Nanging manawa ing sirahe kang buthak mau ing sisih dhuwur utawa ing sisih ngarep ana memalane kang putih semu abang, iku memala saraat kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak mau.

43. Imam banjur mriksaa, yen penduling memala kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak iku putih semu abang, rupane padha karo memala saraat ing kulit,

44. wong iku pancen nandhang memala saraat, dadine najis lan ditetepna najis dening imam, marga saka memalane ing sirahe mau.

Kaimaman 13