Jabur 92:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka,kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.

6. Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka,sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.

7. Tiyang bodho boten badhe nyumerepi,saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.

8. Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan,sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembakapunika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.

Jabur 92