Jabur 91:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. kowe bakal dikemuli kalawan elare,bakal diayomi ing sangisoring siwiwine,kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.

5. Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi,marang panah kang lumepes ing wayah awan,

6. marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng,tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.

7. Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu,sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu,ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;

Jabur 91