Jabur 78:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. ora bakal daksidhem tumrap anak-putune;nanging kita bakal nyaritakake marang para turun ing tembepepujian marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,sarta kaelokan-kaelokan kang wus katindakake.

5. Pangeran wus ndhawuhake pepenget marang trahe Rama Yakub,lan angger-anggering Toret marang Banisrael;para leluhur kita padha kadhawuhanngluntakake iku marang para anak putune,

6. supaya disumurupana dening para turune ing sapungkure,supaya anak-putu kang ing tembe bakal padha lair,padha gumregah lan nyaritakake marang anak-anake,

7. supaya padha kumandela marang Gusti Allah,lan aja lali marang sakabehing pakaryane,nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;

8. apadene aja padha kaya para leluhure,kang padha wangkot lan mbalela,jenis kang ora antepantuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.

Jabur 78