Jabur 78:26-36 Kitab Sutji (JAV)

26. Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awanglan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;

27. umate banjur diudani daging kehe kaya bledug,tuwin diudani manuk kang mawa swiwi cacahe kaya wedhining segara;

28. padha katibakake ing satengahing tarub-tarube,ing sakubenging papan panggonane mau.

29. Tumuli padha mangan nganti wareg banget;Panjenengane maringi apa kang padha dikarepake.

30. Nalika isih padha rumangsa durung wareg,sarta pangane isih ana ing cangkeme;

31. Gusti Allah banjur duka marang wong-wong iku,gembong-gembonge padha dipateni,lan para nonomane Israel padha disirnakake.

32. Sanadyan mangkono, para leluhur mau iya isih bae anggone padha nglakoni dosa,sarta ora pracaya marang sakehing pakaryane Allah kang ngedab-edabi.

33. Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja,sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.

34. Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane,padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;

35. padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange,lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.

36. Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkemelan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.

Jabur 78