Jabur 73:26-28 Kitab Sutji (JAV)

26. Sanadyan daging lan manah kawula telas, sirna,ing salaminipun tetep Gusti Allah ingkang dados peparang saha panduman kawula.

27. Awit sajatosipun sinten ingkang tebih kaliyan Paduka,punika sami badhe dhumawah ing karisakan;sadaya tiyang ingkang lampah jina kalayan nilar Padukapunika mesthi Paduka bengkas.

28. Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah;Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula,supados kawula saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun.

Jabur 73