1. Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Prabu Dawud.
2. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swaraning pasambat kawula,nyawa kawula mugi Paduka reksa manawi wonten satru ingkang nggegirisi.
3. Kawula mugi Paduka aling-alingi manawi wonten tiyang awon ingkang sami sekuthon,tuwin reresah ingkang dipun wontenaken dening para tiyang ingkang tumindak duraka,