Jabur 63:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Nyawa kawula kados katuwukan ing gajih saha sungsum,kalayan lambe ingkang asurak-surakcangkem kawula ngaturaken pamuji.

7. Manawi kawula wonten ing patileman kengetan dhumateng Paduka,sadalu muput anggen kawula semedi dhumateng Paduka,

8. sayektosipun Paduka sampun dados pitulungan kawula,saha kawula saged surak-surak wonten ing aubing swiwi Paduka.

9. Nyawa kawula rumaket dhumateng Paduka,sarta asta tengen Paduka nyepengi kawula.

10. Nanging tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula,sami dhawah ing telenging bumi;

11. sami badhe kaulungaken dhateng ing pangwaosing pedhangtuwin badhe dados mangsanipun segawon ajag.

Jabur 63