Jabur 61:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Paduka punika saestu dados papan pangayoman kawula,menara ingkang santosa wonten ing ngajenging mengsah.

5. Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun,sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka! (Selah)

6. Dhuh Allah, Paduka saestu sampun midhangetaken nadar kawula,sampun nyembadani panyuwunipun para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka.

7. Paduka mugi karsaa mewahi yuswanipun Sang Prabu,taun-taun sugengipun sageda ngantos turun-tumurun.

8. Mugi anggenipun jumeneng ratu wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saged lestantun ing salami-laminipun,sih-kadarman tuwin kasetyan Paduka kadhawuhana ngreksa panjenenganipun.

9. Kawula badhe ngidungaken asma Paduka klayan masmur ing salaminipun,saha ngluwari nadar kawula ing sadinten-dintenipun.

Jabur 61