Jabur 58:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. Kajengipun sami sirna kados bekicot ingkang dados ilu,sami kadosa bayining tiyang estri ingkang lair keluron ingkang boten ningali surya.

10. Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri,kabeh kang isih seger dalasan kang wus gesengpadha kabengkas dening Pangeran.

11. Wong mursid bakal padha bungah-bungah marga nyumurupi piwales,sarta bakal ngwisuhi sikile kalawan getihe wong duraka.

12. Lan wong bakal padha ngucap: “Wong mursid iku nyata tampa pituwas,satemene ana Allah kang maringi kaadilan ana ing bumi.”

Jabur 58