Jabur 49:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Cangkemku bakal nglairake kawicaksanan,kang dipikir-pikir dening atiku iku pangreten.

5. Aku bakal nilingake marang bebasan,tuwin bakal ngandharake paribasanku kalawan ngunekake clempung!

6. Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan,rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,

7. wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane,lan umuk marga saka kehing bandhane?

8. Ora ana wong siji-sijia bae kang bisa ngluwari awake dhewe,utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawane.

9. Amarga kelarangen regane pangluwaraning nyawane,lan ora nyukupi ing salawase,

10. supaya lestari urip ing sateruse,lan ora ndeleng luwanganing kuburan.

Jabur 49