Jabur 46:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.

2. Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita,nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.

3. Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona,tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara;

4. sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk,sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah)

Jabur 46