Jabur 32:9-11 Kitab Sutji (JAV)

9. Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi,prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe.

10. Wong duraka nandhang perih akeh,nanging kang kumandel marang Sang Yehuwahiku mesthi kinubengan ing sih-rahmat.

11. He para wong mursid, padha bungaha lan giyak-giyaka ana ing Pangeran Yehuwah.He para wong kang mulus ing ati, padha surak-suraka!

Jabur 32