Jabur 31:15-19 Kitab Sutji (JAV)

15. Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”

16. Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!

17. Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka,kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!

18. Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakakening salebetipun nandhang kawirangan,amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawiranganmandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.

19. Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu,ingkang nyendhu dhateng tiyang buruskalayan kumethak lan nyenyampahi!

Jabur 31