Jabur 29:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres,malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.

6. Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet,lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng.

7. Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad.

8. Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan,Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.

9. Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak,malah njalari alas-alas padha gundhul,sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”

10. Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir,Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.

11. Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate,Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.

Jabur 29