Jabur 27:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Saiki sirahku jejeg,ngungkuli musuh kang ngepung aku;ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak;aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.

7. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula ingkang kawula unjukaken,mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan!

8. Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.”Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.

9. Paduka mugi sampun nutupi wedana Paduka dhateng kawula,Paduka sampun nampik abdi Paduka klayan bebendu;Paduka punika pitulungan kawula,kawula mugi sampun Paduka tampiksaha Paduka tilar,dhuh Allah, Juruwilujeng kawula!

Jabur 27