Jabur 21:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka,punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.

7. Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun;Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

8. Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah,saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

9. Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka,ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen

10. sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub,samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah.Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya,sarta sami badhe kamangsa ing latu.

11. Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi,tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.

Jabur 21