9. Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis,mbungahake ati;prentahe Sang Yehuwah iku murni,gawe sumoroting mripat.
10. Wedi marang Sang Yehuwah iku suci,lestari ana ing salawase;paugerane Sang Yehuwah iku bener,kabeh adil,
11. endahe ngungkuli mas,malah ngluwihi mas murni akeh;legine ngungkuli madu,malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.
12. Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya,sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.
13. Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran?Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.