2. Langit nyaritakake kamulyaning Allah,sarta akasa mratelakake yeyasaning astane;
3. rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti,lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.
4. Ora ana pawarta lan ora ana tembung,ora keprungu swarane,
5. ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi,pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad.Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit
6. kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare,berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane.
7. Wetune saka ing tepining langitsarta ubenge tumeka ing sisih liyane,ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.
8. Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna,nyegerake nyawa;pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu,aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman.
9. Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis,mbungahake ati;prentahe Sang Yehuwah iku murni,gawe sumoroting mripat.