1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.
2. Langit nyaritakake kamulyaning Allah,sarta akasa mratelakake yeyasaning astane;
3. rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti,lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.
4. Ora ana pawarta lan ora ana tembung,ora keprungu swarane,
5. ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi,pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad.Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit
6. kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare,berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane.