3. Dhuh Yehuwah, peparang kawula, beteng kawula saha ingkang ngluwari kawula,Allah kawula ingkang dados peparang pangauban kawula,tetameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula!
4. Pinujia Pangeran Yehuwah: mangkono unjukku kalawan sora;temah aku diuwalake saka ing mungsuhku.
5. Aku tinalikung ing tetalining pati,sarta tinempuh ing banjiring karusakan.
6. Aku digubed ing jireting teleng palimengan,kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.
7. Sajroning karubedanku aku nyebut marang Sang Yehuwah;sarta sesambat marang Allahku nyuwun tulung.Panjenengane tumuli miyarsakake swaraku saka ing kedhatone,sarta pasambatku nyuwun tulung tumeka ing talingane.
8. Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing,sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter,amarga saka mulad-mulading bebendune.
9. Kukus kumelun saka ing granane,saka ing tutuke medal geni kang memangsa,mawa mengangah metu saka ing Panjenengane.