Jabur 17:12-15 Kitab Sutji (JAV)

12. Rupinipun kados singa ingkang badhe ndekep,kados singa nem ingkang ndhekem wonten ing pandhelikan.

13. Dhuh Yehuwah mugi karsaa jumeneng, karsaa methukaken tiyang-tiyang wau saha Paduka rebahaken,Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tiyang duraka klayan pedhang Paduka.

14. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula kalayan asta Paduka,saking tiyang-tiyang kadonyan punika ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke,padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka,satemah anakipun sami tuwuk,sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun.

15. Nanging kawula, badhe nyawang wadana Paduka wonten ing salebeting kaleresan;tuwin ing satangi kawula, kawula badhe katuwukan ing pasuryan Paduka.

Jabur 17