Jabur 145:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pepujian anggitane Prabu Dawud.Dhuh Allah kawula, dhuh Ratu kawula, Paduka badhe kawula luhuraken,saha badhe tansah memuji asma Paduka ing salaminipun.

2. Saben dinten kawula badhe memuji dhumateng Paduka,saha asma Paduka badhe tansah kawula luhuraken ing salaminipun.

3. Pangeran Yehuwah punika agung sarta sanget pinuji-pujikaluhuranipun punika boten saged jinajagan.

4. Saben turun badhe ngalembana pakaryan Paduka,saha sami badhe nyariyosaken kasantosan Paduka.

5. Cahyanipun kamulyan Paduka ingkang agungtuwin pakaryan Paduka ingkang elok badhe kawula kidungaken.

6. Tiyang kathah sami badhe nggiyar-nggiyaraken kakiyataning pakaryan Paduka ingkang nggegirisi,sarta kaluhuran Paduka badhe kawula cariyosaken.

7. Pengetan tumrap kasaenan Paduka ingkang ageng badhe kaundhangaken dening tiyang-tiyang wau,tuwin badhe sami surak-surak margi saking kaadilan Paduka.

8. Pangeran Yehuwah punika ambek asih sarta welasan,sabar sanget saha ageng sanget sih-kadarmanipun.

9. Kasaenanipun Sang Yehuwah punika nyrambahi tiyang sadayasaha sihrahmatipun ngluberi sadaya ingkang katitahaken dening Panjenenganipun.

10. Dhuh, Yehuwah, sadaya ingkang Paduka titahaken punika sami badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,sarta para kekasih Paduka badhe sami memuji dhumateng Paduka,

Jabur 145